NEGARA TKI
Wis padha ngerti kabeh yen negara Indonesia iku sejatine negara gemah ripah loh jinawi. Tegese, negara sing subur makmur kang tinandur sarwa urip, lemu, lan subur. Nanging ewa semana, nganti tekan saiki isih akeh kawula utawa rakyate kang uripe kacingkrangan utawa mlarat. Luwih saka telung puluh yuta rakyate mlarat, nyukupi kabutuhane uripe wae ora kuwat. Golek gaweyan neng negara iki angele setengah mati. Apa maneh sing ora duwe kaprigelan utawa ketrampilan, sengara bisa urip mulya, kejaba maling, ngrampok, ngecu, utawa apus-apus. Yen wong sing duwe jabatan ya saora-orane kudu gelem korupsi supaya bisa sugih blegedhu.
Ora mokal, gandheng golek gaweyan neng negarane dhewe kangelan, mula kepeksa golek gaweyan neng luwar negri utawa negara manca kanthi aran Tenaga Kerja Indonesia (TKI). Malah nganti tekan saiki, cacahe TKI kang nyambut gawe ing negara manca cacahe yutan wong. Dheweke mau sumebar nyambut gawe ing negara Timur Tengah (kayata Arab Saudi, Suriah, Uni Emirat Arab, Kuwait), utawa ing negara-negara Asia (Malaysia, Singapura, Jepang, Hongkong, Taiwan, lan Korea selatan).
Golek gaweyan tekan jaban rangkah iku sejatine sanggane utawa risikone abot banget. Nanging kepriye maneh, kabeh mau dilakoni, sing baku bisa entuk dhuwit kanggo nyukupi sandhang pangane kulawarga. Racake sing padha golek gaweyan ing negara manca iku saka golongane rakyat cilik, sing rumangsa kesingkir golek gaweyan ing negarane dhewe. Gandheng racake rakyat cilik, dheweke arang-arang sing duwe ketrampilan monjo. Mula akeh-akehe TKI Indonesia sing dikirim ing mancanegara mau kasebut buruh tenaga kasar, kayata batur (pembantu rumah tangga), buruh pabrik, utawa buruh ing perkebunan. Racake tenaga buruh sing melu TKI mau uga para buruh wanita utawa diarani Tenaga Kerja Wanita (TKW). Gandheng buruh sethithik ketrampilane, mula kerep diapusi utawa dianiaya dening juragane.
Wus akeh kedadeyan, para TKI wanita sing dadi kurban lan dianiaya dening juragane. Meh saben taun ana kabar para TKI mau padha disiksa utawa dipilara nganti kepeksa mlebu rumah sakit. Dene sebageyan maneh tumekaning pati utawa dikunjara amarga dianggep mateni juragane. Kamangka sejatine, dheweke nganti tumindak ngono mau kanggo mbela awake dhewe nalika disiksa. Pawarta TKI dadi korban saben taun keprungu. Nanging nganti tekan saiki uga pamarentah durung bisa ngrampungi, njaga, lan mbela rakyate sing dadi TKI. Mangka para TKI mau saben taune ngirim dhuwit marang kulawarga lewat bank apadene jasa liyane kang gunggunge nganti puluhan trilyun. Mesakake temen nasibe para TKI, kaya sapi perahan. Nalika arep budhal wis diperes dhuwite, semono uga nalika bali, dhuwite diperes maneh kanthi alesan maneka warna.